LUH KATRESNAN
Swasana katon edi peni
Dhewekke melu ngrasakake
Endahing katresnan ing atiku
Tansah dakeling- eling,
Tresnane kang kinucap rikala kuwi
Dhik………….
Tampanana sih katresnanku iki
Sanalika iku………
Kembang- kembang sanalika mekrok
Atiku uga kadya siniram banyu kang mawa kembang setaman
Wus sawetara wektu
Anggonku atut runtut
bungah susah mesthi bebarengan
nanging………..
mega kang mendhung tumiba ing awakku
kaya ngapa kagetku,
puspa kang cumanthel ing atiku,
wus pupus, sirna….!
Ora ngerti playune lan sangkan parane
Katresnan kang kanggo cumantheling ati
Kang tansah dakgantungake sih katresnanku
Dumadakan pedhot!
Pedhot kadya benang kang wus rantas
Esemmu kang agawe ayem
Socamu kang agawe lingsemku
Paras kang anggawe kangen atiku
Oohhh…………….
Tatu, tatu atiku!
Kepriye carane anggonku nglalekake wewayangmu?
Swasana katon edi peni
Dhewekke melu ngrasakake
Endahing katresnan ing atiku
Tansah dakeling- eling,
Tresnane kang kinucap rikala kuwi
Dhik………….
Tampanana sih katresnanku iki
Sanalika iku………
Kembang- kembang sanalika mekrok
Atiku uga kadya siniram banyu kang mawa kembang setaman
Wus sawetara wektu
Anggonku atut runtut
bungah susah mesthi bebarengan
nanging………..
mega kang mendhung tumiba ing awakku
kaya ngapa kagetku,
puspa kang cumanthel ing atiku,
wus pupus, sirna….!
Ora ngerti playune lan sangkan parane
Katresnan kang kanggo cumantheling ati
Kang tansah dakgantungake sih katresnanku
Dumadakan pedhot!
Pedhot kadya benang kang wus rantas
Esemmu kang agawe ayem
Socamu kang agawe lingsemku
Paras kang anggawe kangen atiku
Oohhh…………….
Tatu, tatu atiku!
Kepriye carane anggonku nglalekake wewayangmu?

Tidak ada komentar:
Posting Komentar