Selasa, 25 Maret 2014

Do'a bahasa jawa Oleh Alfaqir Maulana Alhady

Alamipun katon morak marik
ngancik tahun rongewu patbelas
prahoro ing kota gedhe
mlethus gunung sinabung
ing jokarto kataman banjir
tlatah ing jowo tengah
ing laladan kudus
ing tlatah kebumen ugo
omah-omah ambruk krono gempa bumi
jagate uwis tuwo
Wulanipun maksih januari
udan deres nora-nora terang-
terang
jam loro wis koyo sore
srengenge nora njedhul
gunung-gunung sawego gati
opo tumeko jongko
joyo bayanipun
angine podo nalasak
uwit gedhe kaprapal kabedhol
aglis
GUSTI nyuwun ngapuro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Paytren